Mantra-Mantra Jawa


PUJA MANTRA RAHAYU SLAMET
Bismillahi wa Rasulu'llahi, ya ingsun jamalu'llah ya ingsun jalalu'llah, ya ingsun kaharu'llah, ya ingsun ka'batullah, ya ingsun rahmatullah, ya ingsun sifatu'llah, ya ingsun kang mengkubuwana kabeh. ALlah langgeng, Allah slamet, ya ingsun kang langgeng slawase.

JAPANE NYUNDANG WONG AREP MANAK

Jabang bayi sira nuli metuwa saka ing guwa-garba, dalah kandangmu kabeh, ana ing dunya weruh padang hawa, di enteni kancamu si Setu Wage, metuwa age- age aja suwe- suwe, lera lera kegawe.

JAPA SEMBUR SUWUK MARANG BOCAH LANANG

Luwak luwi sinembur kedadiyan peli, dudu aku sing nyembur, Umarmaya sing nyembur, tawa tawi tawar katiban iduku putih.

JAPA SEMBUR SUWUK MARANG BOCAH WADON

Luwak luwuk, sinembur kedadiyan turuk, dudu aku sing nyembur, Umarmaya sing nyembur, tawa tawi tawar katiban iduku putih.

JAPA SUWUK BOCAH BUDI ANGAYANG

Rochani rahimi sang kala banteng cinencang suket meneng, cep meneng, cep meneng cep meneng, cangkemu ana ing silitku, silitku ana ing cangkemmu.

JAPA SUWUK BOCAH NANGIS

Cu bali cu, rupamu kaya peliku, aja nagis yen ora bisa noleh gitokmu dewe, cep meneng les turu.

JAPA KANGGO NAMBANI LARA BENGANG

Sang hyang padanyangan, kang ambaureksa ing.... anu..... aku njaluk sanyata pitulung, si..... rang jati kahilangan, kariya kawarasane.

sarasane degan ijo diparasi banjur dinolong, dileboni gula batu, banjur binakar, dijapani japa kang kasebut ing duwur mau, banjur kaombe wong kang lara bengang, Insya Allah nuli waras.

JOPA-JAPU KANGGO NAMBANI WONG LARA KATISEN

Bismillahirachmanirrahimi, ardipiyah, ora ana kang bisa aweh katis, amung aku kang bisa aweh katis, jati ngarang katisana, si... anu... warasa, adem asrep katiban iduku putih, ya hu ya hu.

JOPA JAPU PANUNDUNG LARA NGELU

Assalamualaikum (kaping 3)